Label

Jumat, 19 Agustus 2016

Jéré

Tembung jéré kwe angger de basa Indosesia-na artiné “katanya” dé gabung karo “menurutnya”. Dadi angger dé artina “katanya” thok, kwe kur pas kurang mantep karo arti Jéré sing  de enggo ning basa Banyumas. Lha, sekang tembung jéré kuwe, inyong pada dadi ngerti apa baé sing gemiyen ana. Tembung gagahé sejarah. Dadi, sejarah kuwe tular tinular sekang wong siji maring wong liané liwat jéré. Bisa liwat tulisan, bisa liwat omongan.
Sebab jéré, wong dadi ngerti kedadian sing uwis. Wong sing nomor siji weruh apa ngrungu, crita karo wong lia, wong lia sing pertama de critani deng wong sing weruh kue mlebu klompok sing nrima ‘jere’ tutunan siji. Turunan siji kue bisa ora mung loro apa telu. Angger si saksi critane karo wong akeh, berita kue cepet retung nyebaré. Lan, nyebaré berita, gumantung karo sing cerita, sing nggawa jéré. Turun temurun nganti adoh, nganti wong ewon. Sing nyebar cerita bisa nambahi sekarepe perkiraané dewek apa ngurangi sing ujaré dewek ora pas karo kedadiané.
Akeh kedadian siji, butul ning daerah sing ora patia madan adoh wis beda ceritané. Apamaning angger wis lewih adoh, bisa ceritané karo asliné wis ora nyambung babar blas. Lha kuwe misalé anu kedadiyan sing sekiye. Apamaning angger kedadiyan sing wis puluhan, atusan tahun. Beda nggon, beda sing crita, beda kedadiyan.
Mulané agama utawa kepercayaan kuwe akeh alirané, merga sapa sing cerita ajaran lan nyambung sinambung ajaran di tambahi karo tafsiré dewek-dewek. Sing ujaré dewek patut lan pas, sing ujaré dewek cocok gumathuk karo apa sing ana lan kedadian apa sing wis ana kaitané karo kedadiyan urip ning sekitaré, karo cerita wong-wong sing lewih disit ( wong kuna ).

Sekang jéré nyambung maring jéré nyambung maning maring jéré, sing lewat beda-beda wong, beda adat istiadat lan beda penfsiran, sing paling akhir ranté jéré ngrasa paling apik, paing sempurna lan jéré sing ora pas kwe salah lan ora kena de percaya. Kabeh kelompok ngrasa, paling apik lan wong lia kudu manut jéréné dewek. Angger pada-pada kesuh, jéré karo jéré pada gelut.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar