Better Banyumas di ganti Banyumas Bagus
Raskun seneng rétung angger ana pemuda sing esih peduli lan melu aktif ngramékna perayaan pitulasan. Wulan agustus wis meh entok. Tanggal tua, tapi kegiatan sing judulé ngraméni, esih krasa lan esih ana baé kegiatan. Salah sijiné pertandingan bal-balan urung rampung. Wingi pas balik sekang kota, weruh wong lomba lari. Minggu kiyé ana telu kegiatan resepsi ning RW sebelah, ning RWné déwék lan ning RT sebelah. Kabeh ramé, kabeh pada kreatif. “Inyong pas ngrungokna sambutan Bupati Banyumas, ana sambutan nganggo basa ngapak, basa Banyumasan, inyong seneng retung. Jen seneng. Tapi pas ana omongan better Banyumas, nyong langsung kecewa. Jen kecewa ora etung.” “Sebabé priwé kun.” Basta takon mbari mbenerna njagongé. Jawir nambahi, “Kecewané ko ora ngaruh, Kun. Cumah.” “Udu masalah ngaruh apa ora ngaruh wir. Kye masalah idealisme .” “Ih, ora wani-wani kweh aku inyong angger masalah idealisme. Anu kepriwe kwe?” “Apa langka basa Banyumas sing artiné pada karo better. Better kwe basa...