Label

Jumat, 26 Agustus 2016

Gawe nggon wisata rohani

Pas bar tahlilan ( mbuh ning umahé  sapa ), wong-wong ora langsung balik ngumah, pada ngobrol karo batir-batir, mbari udud lan medang, ana sing ning njero, ana sing ning jaba. Kukus rokok kemebul ngebeki ruang tamu karo ruang tengah. Ublek. Sing ora seneng rokok lan ora kuat karo kukus rokok metu. Ana sing seneng ngrokok, tapi melu metu, nggolet hawa seger. Mbuh mulai sekang endi, obrolan butul maring masalah pokdarwis, singkatan sekang kelompok sadar wisata.
“Kyeh, kaya kiye. Pada gawe nggon wisata bae yuh.” Jawir mbuka obrolan.
“Nggon wisata ning ndi. Nggon wisata kwe kudu ana nggon sing apik, unik, menarik. Angger ora ya due nilai sejarah sing dé kenal karo wong akeh.” Gondrong langsung nyempaluk karo ngepusna kukus rokok 76 sing wis setengah cendek.
“Kyeh kaya kiye. Ning Lestana Dawa, kan ana kuburan kuna. Kuburané leluhur wong Tlaga. Lha, kwe ana sing dé rumat, dé bangun, supaya apik. Dé gawéni dalan sing pinggirané ngko dé gawé nggon sing unik. Unik, priwe yah... pokoké nggon-nggon sing wong angger liwat pada penasaran. Pada péngin selfie. Lha, ning kono ngko dé gawé crita perjuangan, crita sejarah babat tanah jawa, crita wong sekti sing nggilani. Pokoké crita sing sip sip lah. Critané bisa dé gawé buku, bisa dé muat ning fesbuk, twitter, G+, imo, kompasiana, blog. Apa baé lah. Pokoké sing bisa nggo nggon nulis utawa crita ya kué de manfa’atna.”
“Sing arep pada plesir ngonoh sapa, Wir?” Basta melu ngomong.
“Kyeh kaya kiye. Gampang kuwe tah. Udu barang sing angel. Akeh, pirang-pirang medsos. De upload bae gambar-gambaré, foto-fotoné. Fotoné sing sip. Sing maén. Dé sogi komentar sing apik-apik. Dé sogi sejarah sing siip. Dé sogi gambar-gambar wong-wong kuna sing terkenal, rohaniawan kuna, pokoké de pas-pas-na, déhubung-hubungna kon patut, kon pas.”
“Idené ko jané madan gemblung.” Raskun nyrondol ngomong. “Tapi kayong bisa mboran kweh.”
“Udu madan, Kun. Anu gemblung temenan kwetah,” Gondrong, sing aran asliné Agus, nambaih omong mélu gawé ramé, “Tapi, yaa.. kadang idené wong gembung kadang-kadang sok apik. Kadang-kadan mbetaih.” Si Agus kuwe critané gemiyén tau gondrong, sanajan siki plontos, tetep bae akeh sing ngundang gondrong.
“Njajal Wir, de terusna kweh idéné ko. Mbok sapa ngerti ngko bisa kaleksanan.” Kasrap ngomong karo madep maring jawir mbari ngédéngna jempol. Sarungé de kridongna mbari thongkrong. Dé kon lanjut, Jawir malah katon bingung. “Gyan koh Wir. Dénéng mandeg katong bingung.”
“Mulané angger ana wong ngomong, ana wong dué idé kwe dé rungokna disit. Lha, angger kaya kiyé ya aku dadi ilang idéné.”
“Kye Wir, ngopi disit, kon lancar ari ngocéh.” Mrondol ngulung gelas isi kopi sing kemebul. Jawir nampani karo cengéngésan lan ngucap matur nuwun.
“Dadi kaya kiye. Sing paling penting pokoké promosi disit. Promosi liwat apa bae. Liwat omongan, sekang cangkem maring kuping seterusé. Dé gawé kaya gosip, ngko toli cepet retung nyébaré. Critané sing ghoib-ghoib, sing nggilani, angker, bisa nggo tapa, bisa nggo semedi njaluk apa baé se karepé sing teka. Nha, ngko de gawe gubug-gubug nggo nggon tapa. Gubugé dé gawe supaya katon wis atusan taun. Gampang kwe tah. Kaya panembahan.”
“Sing dadi kunciné sapa Wir?” Pitakoné Raskun.
“Gampang kwetah. Aku ya kena, sing penting kasil. Angger  wis masalah ana duité tah akéh sing gelem. Akeh sing ndaftar..
“Tek terusna ya. Mengko ngundang batiré dewek sing ning perantauan kon pada teka. Nganggo bis gedé. Pokoké de gawe kaya rombongan rohaniawan sing arep ziarah. De gawé sip pokoké. Trus de poto, de sebarna maring ndi ora. Dé iklan na nganti terkenal, nganti wong pada penasaran. Tokoh terkenal jaman gemiyen, tokoh ghoib, tokoh penyebar agama, tokoh kerajaan, tokoh apabaé sing arané mirip karo aran sing ana ning kéné dé hubunghubungna, dé kait-kaitna supaya pas, supaya cocok tur patut.
“Mesti bisa. Angger inyong kabeh pada pinter promosi, mesti bisa. Agen-agen wisata de hubungi. Pak Samin, Samin apa sapa yah, sing asli wong kéné sing jéré due perusahaan gedé, nha, kaé karyawané kon pada plesir ziarah maring ngénéh. Mesti bisa. Jen anu bisa kué!”
“Kayong madan masuk akal ko kweh, bisa kweh. Bisa dé jajal.” Raskun nyempaluk.
“Inyong ndukung kweh. Ide apik. Tumbé ko pinter Wir..” Basta melu ndukung.
Ngrasa olih dukungan, Jawir semangat retung ari crita. Njagongé dé tata maning kon kepénak, kopiné dé sruput nganti méh enték. Critaané dadi dawa, butul wengi, butul ndi baé. Sering critané ngalor, ngidul. Angger ceritaané arep sléntha, Jawir gagian mbalékna crita maring masalah gawé wisata.

Butul wengi, butul pada ngantuk, terus pada nylingsing siji-siji. Terakhir gari Jawir karo Raskun Mbari balik wong loroan, Jawir esih mbahas masalah mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar