Label

Kamis, 04 Agustus 2016

pitulasan

Pitulasan kurang telulas dina maning. Wis dadi kebiasaane wong ning desaku. Angger arep pitulasan pada ngrias lingkungane dewek-dewek. Pasang umbul-umbul werna-werna warnané, abang, putih, biru, kuning, ijo, kaya warna bendera parté. Dadi kemutan gemiyen tahun 90an. Inyong karo Kissut latihan baris dadi regu nggawa bendera abang putih, unggal sore. Sebab dina merdekané Indonesia kuwe tanggal pitulas, dadineng jumlah wong seregu nggawa bendera kudu 17.
Pas tanggal 17, uput-uput Kissut teka maring umahku. Lewat dalan ingsor pring ( gemiyen dalane esih lliwat mbang wetan ), nganggo sepatu PDH ireng olih nyilih, kalmbi putih kathok ireng, nganggo slempang abang putih, kuplukan, ( jere ari nyilih duené bapané ), tangane kiwa nggegem kacu jere arep nggo ngusut kringet, tangan tengen nyekeli saka bendera sing wis de pasang bendera sing wis madan klewus. Rumangsané jidag mèn ndean.
Inyong esih mengkuleng turu kemulan sarung sing ngepir.
“Hoii, tangi koh. Baris kyeh baris. Tujuhblasan maring Gemelar.”
“Masa Alloh. Nyong kawanen kye...”
“Ya wis gagian koh tangi, esih ana wektu.” Kissut muncu-muncu. Lambené kena dé pocong.
“Lah jen, kayong mriang kyeh aku. Awaké pada pegel kabeh.”
“Aja alesan lah. Wis tau...! Ayuh koh.”
“Kudu kye?”
“Kudu..”
“Kudu mangkat kye?”
“Siklah... Kae wis de enteni ning gili.” Kissut muncu maning. Bar kue singsot sing ora karo lambe, tapineng singsot karo ilat de padalna ning untu, dadi singsot mbari nyréngés.
Ning gili arep SD siji sompok, lagi urung regruping, abané wis ramé retung. Swara semprintan komendan hansip prat prit ngalahkan swara thong prék karo swara komendan regu apa bae. Ana regu pertanian, regu ibu-ibu PKK, regu olah raga, lan liane akeh retung. Pokoke kebek se dalan sing balé desa butul mesjid sompok.
“Mayuh gagian koh..” Kissut ngedumel maning. Inyong esih ucek-ucek. Sarung sing ngepir tek klumbrukna ning dingklik.
“Mengko, madang disit, kencot.”
“Arep mangkat ora jané.”
“Mbuh kyeh koh..”
“Wong koh ora due rasa patriotisme acan. Ko angger jaman perang jen wis de tembak deng batire sing mburi mesti.. “
“Mesti kuwe yoh..” Inyong lunga maring pedangan. Sedela metu nggawa banyu teh rong gelas. “Nginum disit kyeh, ora usah muncu-muncu. Kaya arep dadi bupati bae.”
“Gyan koh.” Kissut ngrogoh sak njikot rokok bentoel cilik sing se lèr regané selawe perak.
Mbari udud Kissut karo Inyong ngobrol masalah nggon ngarit sing sip, wedus sing gembéran angger empané kurang, ngobrol latihan baris nggawa bendera, ngobrol apa baé ngalor ngidul. Wedang teh sing esih madan anget gari sepethit. Karo jegang nyong njaluk rokoké Kissut, tek suled, nglepus. Kissut njikot gitar ning senthongku, ( gitaré Kissut sing tek sandra ), terus nembang lagu Kla Project, Yogyakarta, dé selingi singsot nyréngés.
“Gyéh, pada mbakar canthir bae yuh.”
“Yuh...” Kissut semangat retung. Klalen kudu mangakt baris maring Gemelar. Geni ning pawon esih ana bangbané.
Nyong karo Kissut upluk mbakar canthir. Lambené sewrudul kebek deng awu sing kegawa ning canthir. Matane ngrewiceh kelebon kukus geni. Dela-dela kudu njiplong ndamon geni.
“Yuh lah mangakt baris..” Kissut tek dupak bokongé.
“Yuh!” Kissut menyat. Klambine mambu sangit. “Wis jam pira kiye? Ora kawanen kiye?”
Inyong mlayu maring latar. “Kiss. Deneng wis sepiiii... Wis pada mangkat apa yah. Gumuun..., deneng de tinggal yoh. Ora dadi lah.”
“Terus priwe kye?”
“Ya priwe si ya.”
“Ngojeg bae yuh.”
“Mal baris ngojeg. Wis jam pira kiye. Jam sanga lewih. Wis butul ndean.”

Inyong karo Kissut ngobrol maning. Klalen. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar