Label

Senin, 29 Agustus 2016

Better Banyumas di ganti Banyumas Bagus

Raskun seneng rétung angger ana pemuda sing esih peduli lan melu aktif ngramékna perayaan pitulasan. Wulan agustus wis meh entok. Tanggal tua, tapi kegiatan sing judulé ngraméni, esih krasa lan esih ana baé kegiatan. Salah sijiné pertandingan bal-balan urung rampung. Wingi pas balik sekang kota, weruh wong lomba lari. Minggu kiyé ana telu kegiatan resepsi ning RW sebelah, ning RWné déwék lan ning RT sebelah. Kabeh ramé, kabeh pada kreatif.
“Inyong pas ngrungokna sambutan Bupati Banyumas, ana sambutan nganggo basa ngapak, basa Banyumasan, inyong seneng retung. Jen seneng. Tapi pas ana omongan better Banyumas, nyong langsung kecewa. Jen kecewa ora etung.”
“Sebabé priwé kun.” Basta takon mbari mbenerna njagongé.
Jawir nambahi, “Kecewané ko ora ngaruh, Kun. Cumah.”
“Udu masalah ngaruh apa ora ngaruh wir. Kye masalah idealisme.”
“Ih, ora wani-wani kweh aku inyong angger masalah idealisme. Anu kepriwe kwe?”
“Apa langka basa Banyumas sing artiné pada karo better. Better kwe basa inggris. Apa kudu nganggo basa inggris supaya apik. Juara ujaré. Sapa baé sing gawé kuwe, better Banyumas, inyong ra setuju. Ora pokoké. Apa maning kon nganggo kaos apa klambi sing ana tulisané better Banyumas. Ora pokoké. Ora sudi!”
“Aja kesuh Kun, kesuhmu ora krungu nduwur. Maring kabupatén nganah protes. Demo ya kena, demo déwékan.” Jawir nyempaluk karo  ndeleng langit sing ora peténg tapi ora ana lintang.
“Kwe mungkin kaya kiyé Kun,” Basta nanggapi Raskun, “Mungkin, kye tah anu mungkin, supaya bisa dé pas-pasna karo gambar Bawor simbolé Banyumas. Dadi angger huruf ‘B’ kan dé polah kaya gambar Bawor gampang.”
“Angger kaya kué, kan bisa nganggo kata bagus, Banyumas Bagus, kan pada bae huruf ‘B’.”
“Ya yoh,” Basta karo Jawir mantuhuk-manthuk.
“Tapi kan better karo bagus beda artiné,” ucapé Jawir.
“Mbuh beda mbuh pada, pokoké kudu nganggo basa Banyumas. Kudu!”
“Sing ngkudu-na sapa, Kun..”
“Inyong yah. Kudu!”
“Ya, yuh demo baé maring kabupatén kon dé ganti Banyumas Bagus.”
“Yuh.”
“Ya ayuh”

“Ayuh koh, njagong baé.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar