Label

Rabu, 10 Oktober 2018

KOH


‘Koh’ kwe basa Banyumasan. Cara ning Basa Indonesia kwe kata sambung, utawa kata konjungsi, gunane nggo nyambung kalimat sing ning ngarep mburi kon nyambung karo kalimat sing ning mburine. Ning Basa Indonesia, kata konjungsi kwe kaya : Atau,  Tetapi, Namun, Sedangkan, Sehingga, Agar, Jika, Ketika, Seandainya, Karena, Bahwa.

Nah, kata ‘koh’ ning Basa Indonesia ora ana sing pada. Ora ana sing pas lan mathuk tekan ati. Tek njajal-njajal mbok ana sing pas, ya ora cocok karo ‘koh’. Ukara lanjutane ‘koh’ ning basa Banyumas, kwe wis ana ning pikiran senajan ora de omongna. Pikirane wong sing ngrungu angger ana wong ngomong ana ‘koh’, kwe de lanjutna maring kelakunan subyek (subyek basa banyumase apa yah?) sing ora pas karo sing kudune, sing de karepna, sing kayane pas. 
Angger wis nganti ana ‘koh’ brarti?  
Contone:
Jere kyai koh, ..........
Ustadz koh, .........
Kaji koh, .......
Guru koh, .............
Hansip koh, .......
RT koh, ......
Lurah, .......
Camat koh, .....
Presiden, koh.....
Jere ‘kae’, koh.....

Mbok.???

Tapi ana ‘koh’ sing mandeg ora de lanjutna. Kur nggo kata penegas. Contone; “njijihi koh....”

Angger ana omongan, “Koh, deneng kaya kue,.....” kwe brarti ana sing ora pas karo sing dekarepna karo sing ngomong.

Terus, “jebule,............”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar