Label

Kamis, 14 September 2017

POTO KAWINAN

djayim.com
cerpen
Batire Jawir mbojo maning, maksudé ana batir sing mbojo maning. poto-potone dé kirim maring grup WA (grup dablongan), grup FB, grup BBM, Instagram. Pokoké gambar pas nganggo klambi pengantén model jawa sing klambiné warnané ireng kebek pernak-pernik, krilab-krilob, nganggo tapih warna coklat motif kembang mayang, de aplod. Ana telung werna, warna lan model klambiné. Dingklik sing dé jagongi katon apik rétung, di tambah karo kembang plastik werna-werna warnané, gemantung ning saka lan papan ukir-ukiran sing degawe kaya umah kraton. Sing jenengané mbojo, mesti mbetaih. Gambar-gambaré kebek mésem sing sumringah mesti dé aplod ning ndi bae sing judulé media sosial.
Sing de gumuni, ngomongé Jawir ora seneng karo babagan narsis-narsisan, tapi Jawir esih ndelengi kabeh gambaré batire ora ana sing keliwat. Jéré ora seneng tapi tetep ngeklik gambar jempol. Jéré Jawir, batiré ketularan virus narsis para artis sing kabeh polahé dé siarna ning tivi. Wong tangi turu kencot baé di tulis ning FB supaya batir-batiré pada maca. Angger sing komén akéh, senengé ora etung.
Nha, angger crita maslah poto pengantén, inyong dadi kemutan wektu dadi fotografer dadakan, ponton. Wektu kue urung ana poto digital kaya jaman sekiye. Angger arep poto kwe kudu tuku klis disit. Jere arané negative film.
Kayané tahun rong-ewuanan. Pasé inyong klalen. Kisut kwe ya batiré Jawir sing angger ketemuan mesti ecom-ecoman crita ora nggenah sekang masalah Israel-Palestina tekan kali ning tengah-tengah desa sing wis ora ana iwaké merga sok de racun.
Sedina sedurungé  Kisut mbojo, ning dalan arep SD siji, inyong de omongi, “Yim, ngko angger inyong mbojo ko sing moto ya.!”
“Ya! Siap.. Kapan kwe.?”
“Ngesuk. Ngesuk esuk-esuk.”
“Sing bener. Mal mbojo dadakan. Ora nyadran kwe?”
“Ora. Sing penting sah.” Kisut njawab mantep, omongan ‘sah’ kayong mantep nganti nyembur idohé.
“Taih yoh, mbojo.”
“Ya iya mal. Mesti kwetah. Mesti.”
“Ya ora usah muncu..”
“Siklah.”
“Ngko bojo de gawa maring Jakarta apa ning kéné bae?”
“Gampang kwe mah. Sing penting hihuy hihuy disit.” Lambéné mésem njijihi. Mésem 18+.
Jané inyong ya ngerti, pacaré pada-pada ngodé ning Jakarta, sing dé gumuni, Kisut ya ora njawab; ‘mbok sekiyé gé pada-pada ning Jakarta’. Tapi ya mbuh, bisa baé bareng wis mbojo tah ora pada mranto kabéh.
Kisut kait gemiyen butul siki dadi perantau. Ngodéné ning Jakarta, ning pelabuhan, Jéré ngurusi babagan kirim barang maring pulau-pulau se Indonesia lan sing maring luar negeri. Sebutané EMKL, Ekspedisi Muatan Kapal Laut. Biasané wong angger kerja ning pelabuhan, kulit awaké ireng sebab ning pelabuhan hawané panas. Apamaning kerjané ning Tanjung Priuk sing jéré ora kur hawané thok sing panas, apa baéné ya jéré panas. Tapi, batirku kye kerjané wis pindah ning kantor, unggal dina ruangané nganggo AC, dadi sekiyé kulit awaké wis madan bersih. Mauné lagi ésih ning bagian lapangan, kulit awaké ireng, de sawang gé ngedapi.
Angger ora salah wis lewih sing rong puluh tahun Kisut ngodé ning pelabuhan, tapi kantoré siki wis ora perek karo laut, ora perek karo nggon parkir kapal-kapal gedé. Mula awalé, wektu kué aku ya esih ning Jakarta. Aku nggode ning pabrik ning daerah Kapuk, Kisut ning daerah Jembatan Lima melu batiré sing ngodé ning konveksi mabri nglamar-nglamar kerja. Ndilalah ana batir se desa sing nuduhi kon njajal nglamar kerjaan ning Tanjung Priuk lan ana wong sing asliné sekang Surabaya due bojo wong desané dewek sing kerjané ning kono, wis senior.
Gelising crita, Kisut de terima kerja dadi bagian markir ngatur posisi kontainer sing arep munggah kapal utawa sing mudun sekang kapal. Unggal dina panasan ning pelabuhan, ning pantai perek laut sing anginé nggawa hawa lembab rasa asin. Angger wayah wengi sing katon kur mripaté thok karo untuné angger ngguyu. Jéré tah goli kerja wis nganggo topi amba, kaos tangan, klambi lengen dawa, kaca-matanan ireng, sepatunan, sing katon ora ketutupan kur rainé thok. Tapi ya kue, dadi rainé sing katon iréng. Ujar-ujarétah kon aja kepanasen lan sing lewih penting aja ngasi balik maring desa, mudik, awaké ireng. Angger nganti ireng dadi isin karo prawan-prawan ning desa. Apamaning wektu kue lagi bujang demagang. Tapi Kisut wis due pacar. Ngakuné tah jéré wong setia, tapi ya embuh yong ning Jakarta inyong ora weruh déwék. Angger ndeleng tampangétah inyong kayong ragu angger Kisut kué setia. Angger crita babagan wadon, sok cengar-cengir nylimur gawé ora genah pok buntuté.
Inyong tau mburu ning kerjaané Kisut wektu kué. Aku Mélu kakangku sing pas ana kepentingan maring kantor dina Minggu. Kebeneran kantoré kakangku perek karo nggoné Kisut kerja, tek ukur karo sepedo meter, 150 meter. Inyong numpak vespa abang. Tekan sepréné angger kemutan vespa abang si Kisut karo inyong dadi ngglegés. Kisut karo batiré siji lagi lembur gawé garis-garis ning lapangan aspal nggo tanda nata kontainer. Tangané blepot, klopot deng cet putih. Sebab awaké nganggo klambi rapet jipet, tur nganggo kacamata ireng amba, inyong dadi pangling. Inyong ya nganggo kacamata ireng. Sewisé inyong ijin lan takon karo satpam inyong mburu Kisut.
Si Kisut sing lagi sibuk ngecét langsung mandeg, terus ngadeg gaya hansip , “Slamat siang. Ada yang bisa saya bantu?”
Inyong bingung, kye bocah duméhé wis ning Jakarta terus unggal dina mangané roti apa priwé, mawi karo inyong bae nganggo basa Betawi.
Vespa tek standar, inyong mudun, helm tek uculi. Si Kisut madan sué esih linglung. Inyong langsung nyemprot, “gemagus temen ko, wis ora bisa basa ngapak apa?”
“Hah..! ko jebulé. Kaya entut dénéng ko yoh.. Ujarku juragan wedus sing arep ngirim maring Papua.” Kisut nyrocos mbari ngilangna isin, terus cengar cengir kaya wong ngintip konangan.
Jawir nggleges pas crita kué tek critakena. Ari mbayangna Kisut kaget karo kisinen kaya karikaturé GM Sudarta, nduwur sirahé kebek obeng, pir, tengkorak ndas kebo, gelas mabur, sendok nglayang, tanda tanya, tanda penthung, mripate merem, lambéne de kawétna, rambuté ngadeg nantang langit.
Angger Kisut telaten kerja ning Jakarta, Inyong ora. Inyong lewih milih kerja apa bae ning desa tinimbang kerja ning Jakarta sing wektu kue bae wis macet lan sering banjir. Angger balik maring desa Kisut mesti mentingna ketemuan karo batir-batir ning desa. Sue-sue katoné Kisut betah ning Jakarta. Apamaning bareng wis ora ning bagian lapangan sing unggal dina panasan. Dasar bocah calakan, deweké bisa nguasai jaringan komputer kantor. Inyong ya sering konsultasi masalah komputer karo Kisut. Wektu lagi esih sekolah ya senengé nguthak-athik radio, apa baé dé ruag, dé prethil-prethil dé pasang ning pager. Unggal dina sibuk masang bendrat nggo brik-brikan sing unggal dina ana sing pedhot sebab ketiban blukang utawa pangpung.
Lha, dasar inyong seneng moto, de jaluki tulung deng Kisut kon moto ora bakalan nolak, apamaning deng Kisut.
Temenan, esuké inyong maring umahé Kisut. Bocahé wis adus. Inyong ya gumun, ora tau-tauné adus gasik. Biasané angger mudik ora tau adus esuk. Ora nganggo jas-jasan, kur nganggo kathok ireng klambi putih, kaya Pak Jokowi. Inyong sekié dadi mikir, kayané Pak Jokowi niru kisut nganggo klambiné.
Inyong de wei kodak sing filmé wis dé isikna. Gari jeprat-jeprét. Inyong njagong santé, terus ngejog banyu teh anget, tek sruput mbari nyéndé ning dingklik.
“Ayuh koh, aja pya-pyé tah.”
“Ya mengko yah..”
“Yuh koh. Mbojo kyeh. Aja gemlawik.”
“Jen, mbojo yoh.”
Wedang tehé urung entong, inyong de séréd kudu bae mangkat. Kisut tek boncengna. Butul ning KUA calon bojoné urung teka. Pak Kayim teka méh bareng. Kisut mawar miwir kaya wong pengin nguyuh dé angken. Ora let sué, pacaré, calon bojoné Kisut teka. Kisut nyréngés, kupluké de dandani, krahé de pas-pasna, rambuté sing tipis dé usap karo tangan tengen. Pak Kayim mlebu maring ruang Pak Penghulu. Ora let sué Pak Kayim mréntah calon pengantén, wali, saksi, mlebu maring ruangan sing biasa dé enggo nggo nikahna. Pak Kayim karo Pak Penghulu mlebu mbari nggawa buku ning njero map. Ijig-ijig hawané dadi kayong romantis lan sakral. Inyong dadi melu kalém, nglebur karo hawaning Kisut sing arep mbojo. Sedetik seurungé acara de mulai, inyong mereki Kisut, krisikan, “mbojo yoh.” Kisut nyengir antarané nyréngés karo mésem.
Inyong siap-siap moto. Dingklik sing kira-kira ngangél-ngangéli ték singkirna. Klis filmé isi 36, wis dé pasang. pokoké gari cekrék-cekrék. Tanda nggo nengeri wis kanggo pira filmé, esih manual, ana angka karo garis setrip-setrip warna abang. Sisa film sing ésih bisa de enggo dé kira-kira antara angka karo garis setrip-setrip abang.
Merga ruangané ciut, inyong kudu mepet-mepet tembok, ana njengking, ana jinjit, ana miring. Pokoké gemludug ora nggenah. Jané inyong ya madan rikuh karo Pak Penghulu, tapi yong demi olih gambar sing sip, apa bae carané, tek lakoni.
Gelising crita, ijab qobul nikahané Kisut karo pacaraé rampung. Kisut wis mbojo. Pacaré wis dadi bojoné. Kisut kayong ora sranta pengin gagian balik. Inyong manut baé. Kisut tek boncéngna. Ning tengah dalan, mbari gathik kisut nyembur, “gagian tah ngebut, aja londhogan!”
Kira-kira telung wulan tes mbojo, Kisut balik, critané mudik. Ning pertelon lebak umah, inyong ketemuan. Mbok si betah ketemu inyong, Kisut malah langsung muncu-muncu, “Dénéng fotoné ora ana sing dadi sijia..!??”
“Foto sing endi? Foto apa?”
“Sing endi maning. Foto pas inyong mbojo.”
“Maksudé priwé?”
“Dé cetak ireng kabéh. Blabur iréng thok. Gambaré babar blas ora katon.”
“Lha, sing masang klis sapa gemiyén. Mbok ko déwék. Inyong gari moto cekrak-cekrék.”
“Jéré sapa. Ko sing masang mbok! Mbok ko ngomong, ‘ngénéh dé pasang deng inyong!’. Terus kos udet masang. Kemutan ora?”
Inyong meneng ngémut-ngémut, “apa iya yah?”
“Ya koh!”
“Dadi ko ora dué foto pengantén kwe yoh.”

“Siklah.” 

Sept -okt 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar